Contoh teks khutbah Jumat bahasa Jawa edisi 4 September 2026, khidmat dan penuh makna

Mendengarkan materi Khutbah Jumat dalam Bahasa Jawa jadi salah satu rangkaian yang akan diikuti oleh umat muslim saat pelaksaan Sholat Jumat berjamaah dimasjid.

Berikut ini adalah materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa edisi 4 September 2026 yang berkesan dan penuh makna untuk referensi.

____

Materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa

“Damel Becik Dumateng Tonggo”

Khutbah I

الْحَمْدُ لِلَّهِ الْمَلِكِ الْعَلَّامِ وَأَعْطَانَا مَا عِنْدَهُ مِنَ الْفَضْلِ وَالْإِنْعَامِ أَحْمَدُهُ وَأَشْكُرُهُ عَلَى نِعْمَةِ الْجِسْمِ وَالْمُجَسَّمِ وَهِيَ الصَّحَةُ وَالْإِيْمَانُ وَالْإِسْلَامُ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ الْمُتَّصِفُ بِالْبَقَاءِ وَالْقِدَمِ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ إِلَى جَمِيعِ الْعَالَمِ اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى عَبْدِكَ مُحَمَّدٍ صَاحِبِ الظَّلِّ فِي الْغَمَامِ وَآلِهِ وَصَحْبِهِ الْبَرَرَةِ الْكِرَامِ (أَمَّا بَعْدُ).

فَيا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ فَقَالَ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيمِ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا، يُصْلِحُ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا.

Jamaah Jumat rahimakumullah

Monggo kito sedoyo sami netepi lan ningkataken takwo dumateng Gusti Allah. Wonten ing panggenan pundi kimawon kawontenan. 

Rame utawi sepi. Kanti tansah nindakaken sedoyo perintah lan nebihi sedoyo awisanipun. 

Supados kita tansah pikantuk rahmat lan kabegan saking Gusti Allah.

Kito sedoyo gesang ing dunyo meniko kedah migunaaken wekdal ingkang dipun paringi Gusti Allah kanti sae. 

Keranten wekdal ingkang sampun keliwat mboten bade wangsul malih. Gusti Allah dawuh:

إِنَّ الْإِنسُنَ لَفِي خُسْرٍ إِلَّا الَّذِينَ ءَامَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ.

Artosipun: Saktemene menungso iku mesti bakal rugi, kejobo wong-wong kang podo iman, nindakake amal kesaenan, podo tutur-tinutur ing perkara bener, lan tutur tinutur ing kesabaran (Q.S. al- Ashr).

Surat al-Ashr kasebat mertelaaken bilih katah menungso ingkang getunan keranten mboten migunaaken wekdal kanti sae. 

Mboten didamel ngelampahi tindak becik. Salah setunggale tindak becik lan kesaenan nggih meniko dados tonggo ingkang sae.

Hadirin ingkang minulyo

Tonggo utawi tetanggi meniko tiyang ingkang langkung rumiyen mangertosi kawontenan kito sedoyo. 

Mulai saking kowentenan kita nembe bungah utawi susah, rupek utawi lonngar, gerah utawi sehat.

Kito pasti mbetahaken tetanggi. Saking meniko, Islam ngatur hak-hakipun tetanggi. Gusti Allah dawuh:

وَاعْبُدُوا اللهَ وَلَا تُشْرِكُوا بِهِ شَيْئًا وَبِالْوَالِدَيْنِ إِحْسَانًا وَبِذِي الْقُرْبَى وَالْيَتَامَى وَالْمَسَاكِينِ وَالْجَارِ ذِي الْقُرْبَى وَالْجَارِ الْجُنُبِ وَالصَّاحِبِ بِالْجَنْبِ وَابْنِ السَّبِيلِ وَمَا مَلَكَتْ أَيْمَانُكُمْ إِنَّ اللَّهَ لا يُحِبُّ مَنْ كَانَ مُخْتَالًا فَخُورًا.

Artosipun: Nyembaho siro kabeh marang Allah lan ojo nyekutoaken kelawan lintune. Lan pode gaweyo bagus siro kelawan wang tuo loro, kerabat, anak yatim, wong miskin, tetonggo celak lan tebih, konca raket, wong dalanan, lan kawulo. Saktemene Allah ora demen wang-wong sombong lan mbanggakno awake dewe (Annisa’ 36).

Wonten ing ayat meniko, kito dipun perintahaken supados nyembah dumateng Allah lan mboten nyekutoaken Gusti Allah. 

Lajeng dipun perintah mbagusi dateng tiyang sepuh kaleh, termasuk ugi dipun perintahaken mbagusi, tumindak sae dateng tanggi-tanggi kito.

Tafsir Ibn Katsir mertelaaken bilih lafadz والجار ذي القرني (tanggi ingkang celak) wonten ing ayat meniko maksude tetanggi ingkang tasih wonten hubungan famili, kados pendapatipun Imam Ikrimah, Imam Mujahid soho Imam Ad-Dohhak.

 

Miturut riwayat Ibnu Jarir soho Abi Hatim, maksud tanggi ingkang celak niku tanggi ingkang muslim. Menawi lafadz والجار الجلب (tanggi ingkang tebih) wonten ing ayat meniko maksude tetanggi ingkang mboten wonten hubungan famili, kados pendapatipun Imam Ikrimah, Imam Mujahid soho Imam Ad-Dohhak. 

Miturut riwayat Ibnu Jarir soho Abi Hatim, maksud tetanggi ingkang tebih niku tanggi ingkang agomone mboten sami kaliyan kito.

Jamaah Jumat Rahimakumullah

Ayat meniko nuduhaken bilih kito kedah tumindak sae, becik dateng tetanggi. 

Setunggale hadits negesaken pentinge mulyaaken tetongggo:

مَنْ كَانَ يُؤْمِنُ بِاللَّهِ وَالْيَوْمِ الْآخِرِ فَلْيُكْرِمْ جَارَهُ.

Artosipun: Sapa wonge iman dumateng Gusti Allah lan percoyo anane dino akhir (qiyamat), mongka becik mulyakno tanggane (HR. Bukhari).

Saking pentinge mulyaaken tetanggi, wonten setunggale hadits lintu dipun jelasake kito kedah njagi hak-hakipun tetanggi, ngantos Kanjeng Nabi nyongko tetanggi bakal iso saling ngewarisi bondo:

مَا زَالَ جِبْرِيلُ يُوْصِينِي بِالْجَارِ حَتَّى ظَنَنْتُ أَنَّهُ سَيُوَرَتُهُ.

Artosipun: Ora gingsir-gingsir Jibril pesen marang ingsun supoyo mbagusi tongge, hingga aku nyongka yen tonggo iku iso saling ngewarisi bondane (muttafaq alaih).

Pramilo monggo kito sami njagi kamulyan tetanggi, tumindak sae, becik. 

Keranten saking meniko guyub lan rukun saget dipun wujudaken, hinggo dados tiyang ingkang kalebet minal muhsinin utawi tumindak bagus.

أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمِ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيمِ. إِنَّ الْإِنسُنَ لَفِي خُسْرٍ، إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيمِ وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيمِ.

أَقُولُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيمَ لِي وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِينَ فَاسْتَغْفِرُوْهُ مِنْ كُلَّ ذَنْبٍ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُورُ الرَّحِيمُ.

Khutbah II

الحمدُ للهِ حَمْدًا كَمَا أَمَرَ أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، إِلَهُ لَمْ يَزَلْ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ وَكِيلًا وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ وَحَبِيبُهُ وَخَلِيلُهُ، أَكْرَمِ الْأَوَّلِينَ وَالْآخِرِينَ، الْمَبْعُوْثِ رَحْمَةً لِلْعَالَمِينَ اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ كَانَ لَهُمْ مِنَ التَّابِعِينَ، صَلَاةٌ دَائِمَةً بِدَوَامِ السَّمَوَاتِ وَالْأَرْضِينَ.

أَمَّا بَعْدُ: فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُونَ اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَذَرُوا الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ. وَحافِظُوْا عَلَى الطَّاعَةِ وَحُضُورِ الْجُمْعَةِ وَالْجَمَاعَةِ وَالصَّوْمِ وَجَمِيعِ الْمَأْمُورَاتِ وَالْوَاجِبَاتِ وَاعْلَمُوا أَنَّ اللَّهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ بِنَفْسِهِ. وَتَنَى بِمَلَائِكَةِ الْمُسَبِّحَةِ بِقُدْسِهِ إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النبي

(*)

Baca Berita Lainnya di Google News

Ikuti dan Bergabung di Saluran Whatsapp

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *